Buatlah geguritan judulnya ungah ungahan
B. Daerah
872005
Pertanyaan
Buatlah geguritan judulnya ungah ungahan
1 Jawaban
-
1. Jawaban alifarimbar01
LUMUNTURING BUDAYA
Tumetesing waspa dumlewer ing pangarasankuNglentrihing pandulu ginambar ing netrakuAncluming praupan kawistara ing pasuryankuLegeg trenyuh ginawa ing panggalihkuAmersani jaman saikiTumpraping polah tingkahing putra lan putriKang wis ninggalake subasitaNerak angger-anggering budayaLali ing tatakrama mbuwang sekabehing unggah-ungguh basa
Kabeh rumangsa nisthaYen isih ngugemi pranatan budaya bangsaSanadyan jaman wis majuAja banjur dadi kleruCrita leluhur ginubah sawiyah-wiyahBusana owah samesthineTetunggangan, wisma, laladan rinepta beda saka aslineApa kita wis ora ngregani budaya kita dewe?Apa budaya kita wis ora ana ajine?Apa budaya kita wis kedaluwarsa?Apa budaya kita wis luntur?Pemuda pemudi jaman saikiUnggah ungguh basa wis dilirwakakeTata krama wis ditinggalnaTata wicara wis ninggalake subasitaApa sing salah sekolah?Apa sing salah ibu bapak?Apa kabeh salah?Nyatane budaya bangsa wis ditinggalakeWis arep luntur amerga pokale kita dhewe.